SEKRETARIAT:AULA Sunan Geseng Jl.Brigjend Katamso IV/03 Kediri Jatim. Phone (0354)683667 e-mail :dzikrurohmah@yahoo.com http://dzikrurrohmah.blogspot.com

BAROKAHAN BULAN MUHARAM 1432 H

Selasa, 28 Oktober 2008

RUMAH YANG BAIK MENURUT ALLAH SAWT.



Hari : Selasa Malam Rabu
Tangga l : 21 Oktober 2008
Di Rumah : Bpk. Didik Riyanto
Alamat : Rt. 03 RW. I Jabon Selatan
Banyakan Kab. Kediri
RUMAH YANG BAIK MENURUT ALLAH SAWT.

Hakikatipun griyo ingkang sae menggahipun Alloh puniko mboten dipun tingali saking sahenipun bangunan, padhangipun lampu, luasipun lokasi panggonan, tapi Hakikatipun griyo ingkang sahe, padhang soho jembar menggahipun Alloh swt, puniko dipun tingali soho dipun tentu’aken tiyang ingkang manggeni griyo meniko.


Maksudipun Bangunan griyo ingkang sahe, padhang lampunipun, jembar lokasinipun, tapi mboten dipun damel kagem ngibadah dating Gusti Allah, mboten nate kanggonan majelis Dzikir, mboten nate kagem panggonan maos al-Qur’an, puniko Griyo menggahipun Alloh ketingal awon, petheng (gelap), soho rupek lan sempit.

Sak wangsulipun, masiho griyo puniko mboten sepinten sahe,lampunipun ketingal mboten patos padhang, bangunanipun tipe ingkang alit, tapi tansah kagem ngibadah dumateng Gusti Alloh, sering damel panggonan kegiatan majelis Dzikir, tansah kagem panggonan maos Al-Qur’an, puniko griyo tansah mancaraken Nur Wonten Arsy ipun Alloh swt ingkang tansah madhangi utawi paring penerang dateng tiyang ingkang manggeni griyo meniko, hinggo menawi dipun raosaken tansah rumaos enak, ayem, tentrem, soho padhang wonten manah lan pikiran, keluarganipun terwujud keluarga ingkang sakinah, mawaddah wa rohmah. ( Keluarga ingkang tenang, tentram, damai, penuh cinta dan kasih sayang ).

Mekaten meniko griyo ingkang kitho idam-idamaken, “Baity Jannaty” (rumahku adalah surgaku). Kuncinipun wonten tigo :
1. Bangunipun kanti dalan ingkang halal
2. Tansah kagem ngibadah dumateng Alloh swt.
3. Tansah kagem panggonan maos Al-Qur’an soho dzikir dating Alloh.
Sedoyo niku wau, sesuai anjuran soho perintahipun Rosululloh saw. Wonten setunggalipun hadits.

“Nawwiruu buyuutakum bissholaati wa qiro’atil qur’an”

Artosipun : Podho padhangono omah siro kabeh, kanthi sholat lan moco Al-Qur’an.

Kanjeng Rosul Muhammad saw, sampun nganjuraken dumateng kitho sedoyo, supados tansah madhangi ( nyinari) griyo kitho sedoyo, kanthi dipun damel panggenan nglampahi sholat lan maos Al-Qur’an. Sholat lan maos Al-Qur’an puniko maknanipun sangat luas, Hakikatipun Sholat puniko njagi hubungan langsung ingkang sahe, secara vertical maupun horizontal, Hablum minalloh wa hablum minannaas, selalu menjaga hubungan baik dan erat kepada Alloh dan kepada sesama manusia.

Semanten ugi maos Al-Qur’an, puniko intinipun maos, mikir-mikir soho ngambil hikmah saking sedoyo ingkang cinipto saking kuwasaning Alloh. Al-Qur’an, puniko mboten namung ingkang ketulis wonten mushaf puniko, nanging sedoyo ingkang wujud lan cinipto dining Alloh, ngantos sedoyo kejadihan-kejadihan, puniko kedah kito waos, kito angen-angen, soho kito ambil hikmahipun, ingkang akhiripun sedoyo wau saget nambahi kuwatipun keimanan lan kislaman kito, ngilingaken kito dateng Gusti Alloh, hinggo tambah sregep lan istikomah ngibadah kitho dumateng Gusti Alloh.



Artikel Terkait:

0 komentar:

Posting Komentar

BERITA TERBARU


BLOG KELUARGA

Blog Archive

  © Blogger templates The Professional Template by Kang Anwar 2009

Back to TOP